It should be fairly clear that I haven’t posted on The Trader in a long time, but I am glad you still come here and have found things useful

GRATIS DOWNLOAD BAGI-BAGI BUKU GRATIS

Thursday, September 27, 2012

RAMALAN ZODIAK KENTIR ^_^


Ramalan Zodiak

1. Pirgo – Pengggawean sing cocok: dodhol blewah karo jengkol. Keuangan: dedel duwel. Asmara: golek sing rodho beneh lan waras.

2. Akuwarius – Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek. Keuangan: nyilah-nyilih tonggo wae. Asmara: Sedelok engkas jomblo, dikepret calon mertuwo.

3. Piskes – Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon. Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan keplek. Asmara: bolak balik ditolak mertuwo.

4. Ariyes – Penggawean sing cocok: ngedusi wedhus, mbecak. Keuangan: kakehan utang, tombok terus. Asmara: benakno disik raimu.

5. Tawurus – Penggawean sing cocok: Ngarit pakan wedhus, dodhol kersen. Keuangan: kapusan konco dewe. Njaluk diruwat. Asmara: gak payu-payu, ganti pelet e ae.

6. Gemini – Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot. Keuangan: ngedoli warisan mertuwo. Asmara: gak jelas sir-siran e lanang wedok, mbuh sing endi.

7. Kanser – Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik. Keuangan: sekarat, atene bangkrut. Asmara: gak ono sing gelem, modal tipis dompet ngapret.

8. Leyo – Penggawean sing cocok: nyableki bokonge bakul jamu. Keuangan : ribet, gak gablek duwik. Asmara: ati-ati bakal kepelet karo dukun tekok Tempik Gundul (Tempat Piknik Gunung Kidul).

9. Libra – Penggawean sing cocok: ngorek-ngorek larahan nek gak dadi tukang golek beling. Keuangan: gak becus golek duwik. Asmara: malem minggu sir-siranmu ngidam ngelus-ngelus gundule wong tekok Ngawi.

10. Sekorpio – Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo. Keuangan: podo mlarate, dikuras copet. Asmara: duwe sir-siran nggrik-nggriken..

11. Sagitariyus – Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto. Keuangan: bojomu purik njaluk mulih nang mertuwo. Asmara: ditempilingi ae karo bojo mu, jajal lungo takon karo Dukun Ponari.

12. Kaprikorn – Penggawean sing cocok: Dagang krupuk juweni. Keuangan: Nguwatirno, waspada deb kolektor! Asmara: hambar, pacar mu njaluk berlian, ajuuur.

ELINGO, OJOK PERCOYO KARO RAMALAN-RAMALAN, BINTANG2AN.....DUSO REK!!...SYIRIK...DUSONE GAK DIAMPUNI!!

Powered by Blogger.